Contoh Dialog Bahasa Jawa "Tetandur Pari"

“TETANEN PARI”

   Sakniki sampun wayah esuk, Pak Sam yaiku petani ingkang daleme ing dusun kol kolan sampun siap nandur pari aning sawahipun. PakSam ana ing dalan kepetuk kaliyan Pak Jaya, banjur Pak Jaya ngendika marang Pak Sam. Pak Jaya     : “eeeh Pak Sam. Pripun Kabare njenengan ?”
Pak Sam     : “Alhamdulillah yah, sae sae mawon. Panjenengan?”
Pak Jaya     : “Kula nggih sae. Panjenengan badhe tindhak pundi?”
Pak Sam     : “Kula badhe teng sabin, Pak Jaya badhe tindak pundi’e kok kesusu?
Pak Jaya     : “Kula badhe tindhak ing tokonipun Pak Ficking badhe tumbas pil superman.”
Pak Sam     : “O...nggih mangga, kulo rumiyin nggih”
Pak Jaya     : “Mangga”
    Sabare Pak Sam ngomong-omongan kaliyan Pak Jaya, Pak Sam nglajengaken perjalanan ten sabin. Pak Sam sampun tekan anaing sabinipun langsung ngelebi toya. Darma anakipun Pak Sam mara lan badhe ngewangi bapakne.
Darma          : ”Pak badhe diewangi mboten?”
Pak Sam     : “Rasah le, kowe ngewangi ndonga wae!”
Darma         : “O.., nggih”


    Darma ndonga sinambi nggatekake bapakne le ngileni banyu, sawise Pak Sam ngileni banyu ,Pak Sam nyukoni ,ananging Darma tesih radong pangertian saka nyukoni iku napa. Banjur Darma nyuwun pirsa kaliyan bapakne.
Darma        : “ Pak nyukoni niku nopo nggih..?”
Pak Sam    : “ Nyukoni iku maculi lemah ing pojokan sawah kang mepet galengan. Ngerti ora le..?”
Darma        : “ o.., ngoten to Pak”
Pak Sam    : “Yo ngono kuwi le, digatekake wae yo”
Darma        : “Nggih...-_-“
    Sak Sampunipun Pak Sam Nyukoni, Pak Sam nglajengaken Ngluku lan Nggaru. Darma ngendika marang bapakipun.
Darma        : “Pak Ngluku niku malik siti, terus nik nggaru niku napa Pak?
Pak Sam    : “Nggaru iku ngratakake lemah sing wis diwalik mau le”
Darma        : “owalah jan, sabare nggaru lemah niku terus dinapakaken”
Pak Sam    : “Bar nggaru iku terus ditanduri winih pari sing wis dibubuti /didhaut”
Darma        : “Ndhaut niku napa?”
Pak Sam    : “HAH??? ,kowe ora ngerti ndhaut iku opo, Sungguh Terlalu, Ndhaut iku mbubuti winih pari. Sadurunge winih mau dadi, aku wis nggawe winihan ndisik, sawise nggawe wewinihan aku nyebar gabah sing wis direndem.”
Darma    : “maklum Pak mboten nate ten sabin jhe, sabar ndhaut di mbanjari nggih pak?”
Pak Sam    :  “lha geneo ngerti, mbanjari ngerti tujuane ora?”
Darma    : “ngertos, gunane supaya para kadang tani anggone nandur pari ora kadohan anggone njipuk winih tow Pak?”
Pak Sam    : “gud, wan handed nggo kowe”
Darma    : “-_- one hundred kaleek, eh niku kebone napa pak?, eh kebone ucul pak woi cekel we”
Pak Sam    : “wah sungguh terlalu”
    Sawise kuwi Pak Sam nanem wewinihan pari wau. Pak Sam nandur direncangi Pak Jaya ingkang sampun kondur saking tokonipun Pak Ficking. Saksampunipun nanem wewinihan pari wau, Pak Sam kentun nenggo anggonipun panen.
Pak Sam    : “alhamdulillah, kula tinggal nunggu panen,matur nuwun nggih pak Jaya?,”
Pak Jaya    : “mboten nopo nopo kok, sampun tugasipun manungsa niku ggih kudu gotong royong.”
Pak Sam    : “nggih, njenengan sae. Pak Jaya mangga di  unjuk rumiyin wedangipun,?”
Pak Jaya    : “nggih, matur nuwun.”
               Sak sampunipun rampung anggenipun nandur, Pak Sam lan Pak Jaya banjur kondur.
Wonten ing dalan, Pak Jaya lan Pak Sam jagongan.
Pak Jaya    : “Pak, Njenengan le ngrabuk ngangge rabuk merk nopo?
Pak Sam    : “kula namung ngagem rabuk oganik mawon, ngagem tlethong. Supayane ngirit.”
Pak Jaya    : “ooo, ngoten, nggeh leres menika.”
             Kalih minggu sampun kelewat, sakniki parinipun sampun nglilir.
Darma    : “Pak sakniki lan sampun kalih minggu, umuripun pari naminipun napa, Pak?
Pak Sam    : “Nglilir le..”
Darma    : “ooo, nek umuripun sekawan minggu jenengipun Gumundha le.le..le.”
Pak Sam    : “Lemara. Ming ngono kok la le la le.”
Darma    : “ kula supe e Pak?”
Pak Sam    : “Yowes, rapopo. Saiki tak wenehi pitakonan, nek iso njawab kabeh tak nei duit rongpuluh ewu, gelem ra?”
Darma    : “nggih Pak, kula purunnapa pitakonanipun, Pak?”
Pak Sam    : “sebutna jenenge umur-umure pari le.”
Darma    : “setunggal nglilir, kalih, Gumundha lemara, tiga, Gemadhung, Sekawan,Meteng Mapak, Gangsal, Mekatak, enem, Mlecuti, Pitu,Panen.
Pak Sam    : “yoh kabeh bener.”
Darma    : “Yes. Akhire aku entuk duit rongpuluh ewu, pudi pak artanipun?”
Pak Sam    : “eiitts,mengko dhisik. Ana ptakonan maneh. Apa sik diarani pari wis merkatak iku?”
Darma    : “nek mboten kleru, pari sik umuripun sampun kira-kira sedoso minggu.”
Pak Sam    : “wah bener. Pinter kowe le. Nyo duite.”
Darma    : “matur nuwun nggih pak”
           Sakniki sampun panen, parinipun Pak Sam ugi siap panen. Dinten minggu, Pak Sam manen parine. Le manen Pak Sam di bantu kaliyan Darma, Garwanipun, lan Pak Jaya.
Pak Sam    : “ wis siap urung le?”
Darma        : “ Sampun pak.”
Pak Sam     : “ yowes, cepet gek ndang neng sawah.”
Darma        : “Nggih pak.”
         Teng sawah, Pak Jaya sampun nunggu, lan langsung padha ani-ani. Sak sampunipun ani-ani rampung, Pak Sam, Pak Jaya, Lan Darma leren ing gubuk. Garwane Pak Sam sampun nyiapaken dhaharan.
Pak Sam    : “ Pak Jaya, mangga lek di unjuk lan didhahar.”
Pak Jaya    : “ oo nggih. Maturnuwun. Panene sakniki kathah sanget nggih katimbang taun wingi.”
Pak Sam    : “alhamdulillah. Inggih pak Jaya.”
    Akhiripun parinipun Pak Sam sampun dipanen. Lan sakniki sampun ditumbuk dadi beras kang saget diliwet.

Comments

Anonymous said…
Ma'af ada beberapa kata yang penulisannya musti dicermati lagi:
1. Kepetuk = mustinya kepethuk
2. radong = mustinya radhong
3. Nama desa bukannya harus huruf besar? = Kol Kolan
4. Juga ketika Pak Jaya menjawab pertanyaan = Kula badhe tindhak ing tokonipun Pak Fickhing.... ("tindak" tidak perlu ada h) trus masa' diri sendiri dibilang "tindak" sih?? bukannya kula badhe dhateng tokonipun Pak ...
Mohon ma'af untuk komen saya. Semoga berkenan.
KewiLog said…
Iya Terima kasih atas sarannya ya :D

Popular Posts